Sabtu, 18 Februari 2012

Swara-Swara Saka Langit


swara-swara saka langit
tumurun ginawa derese banyu udan
nalika petir muni sesautan
nalika gludhug gumludug magenturan
angin prahara lesus kadya pinusus
jagad gonjang ganjing kelap kelap

swara-swara saka langit
ngongasake kamurkan
ngedir-edirake kajuligan
ngambra ambra kesrakahan
ngegung-egungake kasudiran
mabuk kamulyan mendem kasugihan

swara-swara saka langit
: bebendhu apa kanugrahan !? *)

Sda, 2012


*) gurit iki rinakit nalika partai-partai
pada dadi tumbak cucukan.

Iki Sacuwil Crita Ing Panguripan


nalika banyu iki tumetes ketes saka punjere jagad
bareng tumurune bun-bun ratri
ing wengi kang nglangut. Sepi

iki sacuwil crita ing panguripan

ora beda kayadene musa nuthukake tekene
ing watu lemah cengkar

kang sakala muncrat sumbering banyu suci
kang nguwatake sanubari lan mbarokahi bumi nganti saiki

lan nalika banyu iki diwadhahi nganggo guci
minangka toya tirta amerta her perwita sari
peparinge illahi robbi kang tansah dibekteni

ora beda kayadene para dewa lan naga
ngebur jagad ngganggo pethiting mahameru

kang sakala muncrat sumbering banyu suci
kang nguwatake sanubari lan mbarokahi bumi nganti saiki

madya ratri, peb 2012

Wengi Iki Aku Wus Sarasa Karo Slira-Mu


wengi iki aku wus sarasa karo slira-Mu
mecaki endah padhang sumilake langit
nglaras edi penining gendhing-gendhing pangajabsih
ngaras cahyane rembulan purnama kang lagi ndadari
lan uber-uberan rebutan abyore lintang – lintang ing tawang gumantungan

wengi iki aku ora bisa pisah karo slira-Mu
senadyanta wengi iki amung sadhela
senadyanta wengi iki amung sakedheping netra
wengi iki mung dadi dhuwekku lan dhuwek-Mu

maulud 1433

Tetembangan Panglipuring Ati


udan mangsa rendheng
kang wutah saka mendhung peteng
tan kasat ing pandeleng
ora kayaa iki dina
dina-dina kang kebak crita

udan mangsa rendheng, kang wutah saka mendhung peteng
nyebabake lemah kang dak pidak katut ilining banyu bena

aku banjur ngudarasa :
( ing satengahing bena, pada iki isih tumancep ing bantala gondhelan pepenget pepeling lan pangentha-entha, sanadyanta langit iki rubuh yen gusti durung marengake ora bakal jagad iki musna keblebeg lumebere letheke ludira, kabesmi mangalad-alad kobare geni angkara saka nala)

mendhung peteng ngembuleng ing waliking arga
alon-alon kasaput siliring angin samirana
dijogedi wit-witan jati mahoni sengon lan trembesi
sarta ocehe manuk kutut lan derkuku peksi peking glathik
kukila prenjak kacer cemblek tledekan jalak thilang lan podhang
rawat-rawat keprungu sulinge bocah-bocah angon sapi
sinambi ngarit suket lan tetembangan panglipuring ati


Sda, Des 2006

Minggu, 05 Februari 2012

Impenku Durung Dadi Kanyatan


impenku durung dadi kanyatan
isih ngambah langit nalika tumurune udan sepisanan ing alas roban kang kebak eri bebondhotan

eling nalika kuwi
lungguh ijen ing sandhuwure amben sinambi nggagas gilar-gilar gumelaring jagad kanyatan
banjur kawejang simbah sing wis kawuri
dititipi udheng poleng lan jarik lurik
digladhi ngelmu kanuragan sejati
diwenehi kawruh ngeja aksara lan kasusastran jawi
diparingi ageman keris upih tilam sari

dhuh gusti, geneya saiki wus lali ?!

impenku durung dadi kanyatan
isih mecaki bumi sanyari baka sanyari
adhus kringet lan welas asihing sesami

(ing perenging gunung kelud rawat-rawat keprungu ngrangin
swara gambang lan suling saka pring isih dumeling minangka pepeling)

sda : Peb, 2012

Jumat, 03 Februari 2012

Pitakon-Pitakon Kang Isih Kumleyang Kabur Kanginan Katiyub Angin lan Ginawa Grimise Udan


thole, anak lanang nandur kacang wohe sakranjang,
delengen langite obah-obah, jagade tambah nggladrah,
wong-wong bodho padha pating blasah, kena bebendu lan masalah.

apa isih wani, kowe ngranggeh lintang mecaki langit kang kebak panantang ?!

gendhuk, anak wedok nandur lombok wohe satenggok,
delengen bantalane nela-nela, kasatan tirta kesepening rasa,
awit wong budi candhala anjarah rayah angrudha peksa tanpa tata tanpa krama.

Apa isih wani, kowe nandur wiji pari senadyan sauli kanggo cadhonge pangan ing tembe mburi ?!

Sda
Jan '12