thole, anak lanang nandur kacang wohe
sakranjang,
delengen langite obah-obah, jagade
tambah nggladrah,
wong-wong bodho padha pating blasah,
kena bebendu lan masalah.
apa isih wani, kowe ngranggeh lintang
mecaki langit kang kebak panantang ?!
gendhuk, anak wedok nandur lombok wohe
satenggok,
delengen bantalane nela-nela, kasatan
tirta kesepening rasa,
awit wong budi candhala anjarah rayah
angrudha peksa tanpa tata tanpa krama.
Apa isih wani, kowe nandur wiji pari
senadyan sauli kanggo cadhonge pangan ing tembe mburi ?!
Sda
Jan '12
Tidak ada komentar:
Posting Komentar