impenku durung dadi kanyatan
isih ngambah langit nalika tumurune
udan sepisanan ing alas roban kang kebak eri bebondhotan
eling nalika kuwi
lungguh ijen ing sandhuwure amben
sinambi nggagas gilar-gilar gumelaring jagad kanyatan
banjur kawejang simbah sing wis kawuri
dititipi udheng poleng lan jarik lurik
digladhi ngelmu kanuragan sejati
diwenehi kawruh ngeja aksara lan
kasusastran jawi
diparingi ageman keris upih tilam sari
dhuh gusti, geneya saiki wus lali ?!
impenku durung dadi kanyatan
isih mecaki bumi sanyari baka sanyari
adhus kringet lan welas asihing sesami
(ing perenging gunung kelud rawat-rawat
keprungu ngrangin
swara gambang lan suling saka pring
isih dumeling minangka pepeling)
sda : Peb, 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar