nalika banyu iki tumetes ketes saka
punjere jagad
bareng tumurune bun-bun ratri
ing wengi kang nglangut. Sepi
iki sacuwil crita ing panguripan
ora beda kayadene musa nuthukake tekene
ing watu lemah cengkar
kang sakala muncrat sumbering banyu
suci
kang nguwatake sanubari lan mbarokahi
bumi nganti saiki
lan nalika banyu iki diwadhahi nganggo
guci
minangka toya tirta amerta her perwita
sari
peparinge illahi robbi kang tansah
dibekteni
ora beda kayadene para dewa lan naga
ngebur jagad ngganggo pethiting
mahameru
kang sakala muncrat sumbering banyu
suci
kang nguwatake sanubari lan mbarokahi
bumi nganti saiki
madya ratri, peb 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar