swara-swara saka langit
tumurun ginawa derese banyu udan
nalika petir muni sesautan
nalika gludhug gumludug magenturan
angin prahara lesus kadya pinusus
jagad gonjang ganjing kelap kelap
swara-swara saka langit
ngongasake kamurkan
ngedir-edirake kajuligan
ngambra ambra kesrakahan
ngegung-egungake kasudiran
mabuk kamulyan mendem kasugihan
swara-swara saka langit
:
bebendhu apa kanugrahan !? *)
Sda, 2012
*)
gurit iki rinakit nalika partai-partai
pada dadi tumbak cucukan.